live chat fb



14.11.12

lur siki aja minder karo bahasane dewek( ngapak)


Ngapak, dialek utawa cara ngomong khas daerah Purbalingga,Purwokerto, Kebumen, Banyumas, Tegal, Brebes siki wis tambah terkenal. Angger jaman biyen langka wong, khususe senjabane daerah ngapak, sing ngerti lan ora patia ngregani maring dialek ngapak siki wis ora kaya kue. Jaman semana bahasa ngapak dianggep ‘rendahan‘ maring wong liya. Mulane akeh cah purbalinggga, purwokerto, kebumen – banyumasan sing pada minder ngucapaken bahasa ngapak, dialek daerahe dewek.

Ananging siki wis ora perlu minder-minderan, merga dialek ngapak kue wis ‘diakoni‘ maring wong Indonesia. Buktine, nang acara-acara tivi nasional siki wis akeh sing nglebokna utawa nganggoni dialek ngapak kue mau. Contone sing biasa diucapaken aring Kang Tukul Arwana, “balik mening nang leptop, kaya kue!”. Conto liane ya wis akeh, kaya Parto Gombong, bakul jamu nang acara ‘awas ada sule’, Kartika nang acara ‘pesbuker’, lan liya liyane. Akeh pokoke. Malah artis-artis sing udu wong ngapak be pada nirok-nirokna ngomong ngapak. Bahasa ngapak sing paling sering dienggo biasane ‘inyong/enyong’.

Seliane hal kue mau, uga merga akeh wong ngapak sing nganggo ngapake nang situs ‘jejaring sosial‘ internet. Ditambah mening siki akeh grup fesbuk sing nganggo dialek ngapak. Conone ana grup “Berita Kebumen”, “Republik Ngapak”, “Aku Cinta Kebumen”, “Kebumen Bae Lah”, “Walet Muda”, lan sapiturute.Slogan-slogan ngapak juga ora ketinggalan, kayata “Ora Ngapak Ora Kepenak”, “Bersatu Kita Kompak, Bertemu Kita Ngapak”, “Gulali Kancane Permen, Aja Lali Karo Kebumen”,”Kebumen Kotaku, Ngapak Bahasaku”.

Mulane dewek, sing diwarisi dialek utawa bahasa ngapak kudu bisa ngangkat drajate bahasane dewek. Kudu bisa nglestarikaken bahasa utawa dialek ngapak mau. Setuju apa ora sedulur?
Sumber : beritakebumen.info

All. Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Visitantes

My Blog List

Baca Juga Yang Ini Ya.......

search

Pengikut

My Blog List

Headlinews

Translate

BERITA TERKINI

JADWAL SHALAT

JADWAL SHALAT:

div>

 
Design by ThemeShift | Bloggerized by Lasantha - Free Blogger Templates | Best Web Hosting