live chat fb



22.11.12

Anu Ngipi Kedhayohan Ndara Kanjeng Bupati Purbalingga

Sedulur...kiye ana cerita ngapak,sebenere cerita kiye anu wis lawas,tapi tek posting maning ning Blog kiye merga cerita kiye apik.Ya mbok ana sing bisa dijukut manfaat sekang cerita kiye.
Ya wis dimulai bae ya ceritane.....

Inyong  wong Purbalingga, ningen nek ndeleng alun-alun Purbalingga kesirihan pisan. Magane, alun-alun sing siki semanger karo rame pisan, rikala tahun 1999 tesih kaya kuburan. Siki ora mung pas malem minggu thok gremyeke wong, presasat saben sore warga Purbalingga padha tumplek blek. Bakul jajanan karo wong sing padha teka meh padha akehe. Delepen, panganan sing dedol padha ora bobor. Kuwe mertandhakna daya beli warga Purbalingga pancen dhuwur.

Miturut pendelengane inyong, alun-alun Purbalingga kuwe ramah sosial, ramah ekonomi karo ramah lingkungan. Lho deneng sih ana alun-alun koh ramah? Mbokan sing ramah kuwe kur menungsa?
Alun-alun Purbalingga ramah sosial, merga alun-alune ulih nggo jlag-jlagan sapa bae, merekna padha ora minggrang-minggring mbokan debenthongi neng Satpol PP. Merga kuwe, cilik gede, sugih mlarat, lanang wadon karo tua enom kocap terang sore padha jagongan neng alun-alun.


Alun-alun Purbalingga dearani ramah ekonomi merga akeh wong sing padha pahal dodolan limun nggo bocah cilikan sing padha ngonggor bar padha jonjang, playon karo gendhong-gendhongan. Bakul dolanan bocah ngendheng-endheng, padha ngenteni bocah cilikan sing diemong neng wong tuane nangis njaluk detukokna bangsane plendhungan, othok-othok, montor-montoran karo dolanan lia-liane. Akeh warung padha nyepakna wedang kopi, mendhoan, dhage, kenyas karo tahu brontak nggo wong-wong tuaan sing padha ngemong anake.

Wong sing padha pahal uga ora degurah utawa debenthongi neng Satpol PP.
Dearani ramah lingkungan merga wektu pahale wis detentokna. Pedagang kaki lima gole padha ngedegna lapake sebubare jam kerja kantoran. Turan, warunge wis detentokna gedene karo wujude. Dadine neng pendelengane mata tetep maen karo mibawani nggo ukuran gonggoman pusat pemrentahan.
Bareng inyong nglanglang tlatah Purbalingga, inyong dadi kemucap, “O..memper.” Purbalingga akeh banget pabrik sing padat karya. Ana pabrik idep, pabrik wig, pabrik sanggul, pabrik sumpit, pabrik obat nyamuk karo pabrik rokok. Presasat sing ora ana mung pabrik uwong, soale ora ana sing teyeng nggawe uwong kejaba Gusti Allah. Tenaga Kerja sing keserep neng kana akeh nemen. Gole gajihan umume padha setuan. Ya lumrah baen nek alun-alune rame.


Koh teyeng kaya kuwe? Lha jaragan bupatine ubed, iguh pratikele maen karo trengginas pisan. Deleng baen, Unsoed teyenge ngadegna cabang neng Purbalingga tuli saking pintere bupatine Purbalingga golene ngloby. Ningen tumrap sing asline kepanggonan, kudune nduwe krasa ngungun nganti Fakultas Mipa Unsoed mbangun neng nggone tanggane. Ora kur babagan gedhong nggo pendidikan, pabrik sing garep ngadeg neng Purbalingga dicepakna lemah neng Bupatine. Timbangane lemah kas desa kurang migunani, banjuran dikon didegi pabrik. Ben nggo mbukak lowongan pegawean.


Kiye ana crita sing mbuktikna bupatine pancen srilik pisan gole nyemringahna dunia usaha neng kabupatene. Pirang tahun kepungkur Purbalingga durung ana studio foto digital. Tumrap bupatine, kiye jan ngisin-isini nemen. Soale ngger ana dhayoh sekang Semarang apa Jakarta, nek nyithak foto sing neng hardisk komputer apa neng flash disk ndadak lunga meng kota Kabupaten tangga. Eh, salah sewijining ndina pas jam kantor bupatine nekani juragane studio foto Sampurna sing anane neng ibukota Kabupaten tangga.
“Geh..Koh, ko gelem bukak neng Purbalingga? Nek gelem mengko tek fasilitasi. Panggonan tak goletna, HO karo liya-liyane ora bakal tek angel-angelna,” bupatine nakoni engkohe.
“Sech..inyong sih gelem-gelem baen,” engkohe seneng-seneng baen ditawani.
Ora let suwe studio foto digital ngadeg neng Purbalingga.


Wong Purbalingga ora kur teyeng ngagul-agulna alun-alune thok. Owabong, ramene wis ngalah-ngalahna Baturaden sing kawit ndhisit tekan seprene mung kaya kae-kae baen. Bocah cilik sing wis deaseng meng Owabong, akeh-akehe padha nangis gidro njaluk deaseng nganah maning. Durung maning jagad iwak sing neng Purbayasa!
** **
Eh, ora dinyana-nyana. HP-ne inyong moni. Bareng tek candhak, ana suara sing ngaku-aku Pak Triyono Budi Sasongko. Inyong ngerti panjenengane kuwe sapa. Ningen inyong rumangsa ora dikenali neng panjenengane, dadine ya ora nggugu ana wong ngaku-aku asmane.
“Assalamualaikum Warokhmatullah Hiwabarakatuh, kiye Mas Klowor mbok?” suara sing ngaku-aku bupatine Purbalingga mestekna jenenge inyong.
“Wa'alikumsalam, nggeh leres Pak,” inyong njawab.
“Kula seniki teng ngajeng daleme njenengan, kula badhe sowan Mas Klowor. Kagungan wekdal mboten?”
Inyong gagean nginggeng maring ngarep umah. Lho pancen ana mobil Nisan Terano plat abang nomere R 1 C.


“Nggeh monggo Pak, pinarak mawon,” inyong ora kabotan derawuhi neng piyayi Purbalingga sing paling nomer siji.
“Nepangaken, kula Klowor,” inyong nyalami ndara kanjenge Braling karo mbungkuk.
“Hus..mboten usah mbungkuk kaleh kula. Kula niki pejabat pablik masa kini. Nek dibungkuk-bungkuki mangke utek kula melu bungkuk. He he he ..” bar njunjung pundhake inyong sing melu mbungkuk, Pak Bupati banjur ngipuk-ngipuk pundhake inyong.


“Kagungan kersa menapa rawuh dateng gubug kula? Kados wonten ingkang wigati. Lha panjenengan pirsa nomer HP kula saking sinten?” Panjenengane tek lenggahna neng ruang dhayoh sing ngisin-isine nemen ngger nggo lenggahan tumrap ndara kanjeng Bupati.
“Kados niki Mas Klowor, rebat cekap mawon nggeh. Rikala saweg browsing teng internet, ijig-ijig kula nemu manuskrip novele njenengan sing dereng diterbitaken. Lha teng mriku tuli onten nomer HP kalehan e-mail njenenganan, timbangane tek e-mail kesuwen, keleresan dinten niki onten urusan teng cakete daleme njenengan, dados kula mampir.”
“Lha sagede pirsa gubug kula?”


“Kaleh trawangan. He he he … Mboten ding. Onten salah setunggale kanca sing tepang njenengan nudhuhi kula. Kados niki lho mas, nyuwun sewu nggeh. Nek kula nyuwun manuskripe novele njenengan deowahi sekedhik kersa mboten?” Pak Bupati takon sing nyong durung ngerti karepe.
“Panjenengan sampun maos sedaya Pak?”
“Sampun, Mas Klowor. Sae sanget critane. Temane nggeh pas banget kaleh ati kula. Niku tuli temane pertanian-peternakan organik sing selot suwe saged ndamel kuate ekonomi kerakyatan,” Pak Bupati jebule ya pinter ngapresiasi seni sastra.
“Lha barang elek koh,” inyong orane ngasor, ningen rumangsa karyane pancen elek.
“Sae sanget koh Mas Klowor. Novele njenengan saged kangge kajian sastra kaleh kajian sosio-kultural masyarakat pedesaan seniki. Ugi saged ngge dokumentasi sosio linguistik basa lokal sing empun badhe ilang kegerus budhaya populer,” jerene Pak Bupati
“Matur nuwun, pengalem-alemipun. Lha panjenengan kagungan kersa novele kula deowahi, deowahi menapanipun?”


“Njenengane tuli gole nggawe novel basa Banyumasan seting panggonane sanes teng Purbalingga nggeh?”
“Nggeh, leres.”
“Kepripun nek deowahi seting panggonane dados teng Purbalingga mawon?”
“Lha niku gampil mawon Pak Bupati. Niku mboten masalah. Kula jan sedih sanget, kenging napa nggeh kula sanes warga Purbalingga? Panjenangan koh mboten teng Kabupaten kula golene jumeneng Bupati. He he he..,” inyong ngguyu geget pisan.


“Nggeh matur nuwun. Teras njenengan nek bade nerbitake manuskrip novel niku wau, kula saged madosaken penerbit kaliyan percetakane. Njenengan mendhet teng Purbalingga mawon. Kula mboten badhe melik royaltine,” Pak Bupati apikan.
“Lha niku mboten masalah Pak, kula remen sanget,” wulu kalonge inyong sing neng githok dadi njegrig merga mrekinding trenyuh, soale karyane inyong deapresiasi neng bupatine wong lia, dudu bupatine dhewek.
“Kula nggeh langkung remen nek njenengan kersa boyong teng Purbalingga. Soal dokumen kependudukan ampun kewatos mangke kula bantu, sing penting ‘jagad tulis menulis’ teng Purbalingga dados lewih semanger nek ketunggon njenengan.”


“Lha jan Pak Bupati apikan temen. Nggeh Pak, mangke kula tek pikir-pikir soal boyonge.”
“Mas Klowor njengan tak aturi rawuh teng nggriya kula kapan mawon. Kula gadah ide kathah kangge langkung majengaken jagad seni teng Purbalingga, supados njenengan nggeh dados saged majeng. Kula tek nyuwun pamit nggeh!” Pak Bupati pamitan.
“Lha unjukane saweg dedamel teng bojo kula koh kesusu. Nggeh Pak, matur nuwun sanget rawuhipun. Jan, kula mawon dereng nate kerawuhan bupatine kiyambek. Niki malah kula kerawuhan bupatine tanggi. Wah firasat apik niki Pak Bupati he he he….”


Senajan inyong nembe sepisan ketemu panjenengane, ningen wis teyeng ngarani nek panjenengane kagungan visi karo misi sing maen pisan nggo majokna Kabupatene. Nganti seniman dekil sing gayane klowor pisan kaya inyong kiye dedhawuhi boyong karo makarya neng Purbalingga nggo lewih majokna jaged seni sastra neng kana.
Adan subuh keprungu. Gedhubrag....ijig-ijig bathuke inyong krasa lara merga natap jogan. Bathuke inyong tek demek, jebule menonong. Asem.... jebule inyong kur ngimpi kedhayohan Ndara Kanjeng Bupati Braling.

Muntohar
Sumber:http://www.goleti.com

http://www.papeling.org/2011/06/ngimpi-kedhayohan-ndara-kanjeng-bupati.html

All. Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Visitantes

My Blog List

Baca Juga Yang Ini Ya.......

search

Pengikut

My Blog List

Headlinews

Translate

BERITA TERKINI

JADWAL SHALAT

JADWAL SHALAT:

div>

 
Design by ThemeShift | Bloggerized by Lasantha - Free Blogger Templates | Best Web Hosting