live chat fb



22.11.12

Sedekah Terpaksa

Dulur ana cerita kiye, ceritane kaya kiye pas jumat'an ana kotak amal, nah terus kancaku kue anu ngantuk, ceritane anu skang umah bar sembayang jumatan arep langsung ngopi karo kanca-kancane, nah skang umah kue wis di pisahna duit 1000 sing nggo dilebokna maring kotak amal,trus duit 20.000 sing nggo ngopi, nah pas lagi ngantuk gendadapan ana kotak amal terus wong skang umah wis diniati dadi njukut duit keleru sing duit 20.000 arep nggo ngopi karo kanca-kancane malah mlebu neng kotak amal, Njagonge sila nang barisan tengah, mergane hawane silir-silir dengat-dengut karo ngantuk-ngantuk ngrungokna Khotbah Jum’at.
Lagi enak-enake ngantuk, ana kotak amal / kenclengan liwat nang ngarepe kancaku, langsung spontan
Ngrogoh sak mburi celana , dopmete detokna terus mbukak dompet ngetokna duit ewuan (Rp1000) kanggo sedekah...
 kancaku langsung nyemplungna duit meng kotak amal, karo nutupi tangan kiwene.
Critane karo mbatin “ Nek tangan tengen aweh, tangan kiwe kudu ora olih ngerti” Cieeeh…

kancaku kue  ijig-ijig kaget, mergane ana bapak-bapak sing njagong nang mburine nyodorna duit rongpuluh ewu (Rp 20.000). Nang kancaku detampani, terus langsung delebokna maring Kotak amal, Bapak kuwe karo mesam mesem keton ramah pisan.

Sewise kotak amal liwat (biasane mlaku dewek estafet), si bapak - bapak kuwe menepuk pundake kancaku, karo matur “Nak, uang tadi itu jatuh dari sakumu”. kancaku langsung mlongo....    waduh arep ngopi ra sida, neng batine ya dongkol pisan asem arep nggo ngopi kow malah mlebu kotak amal.


Dulur kue siki   dunya karo akherat mbok lewih mentingna dunya.
semoga bermanfaat

All. Diberdayakan oleh Blogger.

Ads 468x60px

Visitantes

My Blog List

Baca Juga Yang Ini Ya.......

search

Pengikut

My Blog List

Headlinews

Translate

BERITA TERKINI

JADWAL SHALAT

JADWAL SHALAT:

div>

 
Design by ThemeShift | Bloggerized by Lasantha - Free Blogger Templates | Best Web Hosting